Kamis, 02 Agustus 2012

Tata Krama


Micara Tata Krama (Unggah-Ungguh)
Tata krama iku bisa ngedohake pangendu guneman kang alus, ngarak-arak iku bisa ngraketake paseduluran. Sakdurunge wawan rembag karo wong liya, becik dimrangeteni dhisik andharan ing ngisor iki.
a. Andharan
Kawruh Sapada Babagan Tata Krama
Tetembungan, guneman kuwi warna-warna. Ana kang alus, anak kang kasar. Ana kangndemenakake. Ana kang ngenakake ati, ana kang nylekit gawe sereking ati, nglarani ati.Tetembungan bisa ngraketake pasaduluran, nanging uga bisa methalake kekadangan. Yen orangati-ati, tembung sakecap bisa gawe serik salawase urip. Ana tembung kang bisa natoni,nyilakani wong liya. Ana tembung kang landh)ep. Landhepe ngungkuli pedhang. Mula, dingati-atiing sabarang kocap, tembung, lang gunem. Mung bae, iya banjur aja wedi guneman. Gunemanlumrah, saprelune, sacukupe.Wong guneman prayoga dicocokake:
1) Sapa sing diajak guneman.
2) Sapa sing guneman.
3) Sapa utawa apa sing diguneman.
4) Kapan wancine.
5) Kepriyekaanane.
6) Ing ngendi papan panggonane.]
Tetembungan ngabani bans kae santak, seru, wijang, cetha, ora gojag-gajeg. Nangingmangkonokuwi, ora kena kanggo matur marang Bapak utawa Ibu rikala nyuwun arta.
Akeh wong sing tansah diurmati dening wong liya, akeh wong sing gedhe pangaribawane,akehwong sing aji, kajen keringan, amarga ing sagunem-guneme, ingsatembung tembungebisatrep, gawe lancaring sesrawungan.Kanggo nuntun supayaanggone guneman bisa tata. Tata krama ing ngisor iku gatekna.
1) Guneman karo wong liya. " karo menga-mengo, aja nyingkur, becik adhep-adhepan.
2) Rungokna temenan, gatekna guneme wong liya, luwih-luwih guneme wong tuwa, sing kok anggep tuwa.
3) Aja kepengin selak nyela guneme wong liya. Entenana nganti ukarane rampung.
4) Guneman kanthi cetha, ora kesusu, ora keseron lan iya ora kelirihen.
5) Aja bisikan ing ngarepe wong akeh utawa grenengan.
6) Guneman aja karo angop, sisi, idu, ngentut, kurek-kurek irung utawa kuping.
7) Yen kepeksa waning, watuk,cangkemeditutupi.
8) Sanadya ora cocog karo panemune dhewe, panemune wong liya kudu diurmati,     
    digate
9) Aja, gampang-gampang nacad wong liya.
10) Aja banget-banget anggone ngetokake seneng apadene susahe awake dhewe.
Cekak aose, guneman kang trep, kang bisa nglancarake sesrawungan, guneman kanthi
guneman nganggo nalar padhang, nganggo budi wening. Guneman nganggo tata teama
krama kanggo katentreman, karaharjan, lan kawilujenganing urip. "Ajining dhiri gumantun
lathi.

Pacelathon ing ngisor iki tinctakna lan gatekna unggah-ungguhe!
Andhang         : Sugeng siyang, Pak!
Pak Wi                        : Sugeng siyang! 0, kowe, Ndhang.
                          Ana apa kok njanur gunung.
Andhang         : Nuwun inggih, Pak. Kaparenga kula nyuwun priksa.
Pak Wi            : 0 ya, arep takon apa? Mesthi bab Ramayana. lya ta?
Andhang         : Nuwun sewu, Pak. Kok Panjenengan sampun priksa?
Pak Wi            : Ngerti bae, wong mau aku kepethuk Bambang. Manut kandhane entuk tugas
                          supaya gawe ringkesan crita Ramayana.
Andhang         : Kasinggihan, Pak. Kala wau Pak Yuli paring tugas supados kula sakanca
                          darnel ringkesan criyos Ramayana.
Pak Wi            : Coba kowe saiki crita saelingmu, mengko dakgenepane.
Andhang         : Inggih, Pak. Rikala samanten Prabu Rama tuwin Dewi Sinta nilar praja
                          dedunung wonten ing wana Dhandhaka. Nalikanipun Prabu Rama kapeksa nilaraken Dewi Sinta amargi mbujeng kidang kencana, Dewi Sinta dipunkancani Raden Lesmana. Amargi mireng pisambatipun Prabu Rama, Dewi Sinta dhawuh Raden Lesmana supados nusul Prabu Rama dumugi samanten, kados pundi, Pak?
Pak Wi     : Pancen bener. Nalika samana Prabu Rama karo Dewi Sinta ninggal praja manggon ing alas Dhandhaka. Nalika Prabu Rama kapeksa ninggalake Dewi Sinta amarga mburu kidang kencana/ Dewi Sinta dikancani Raden Lesmana. Sabanjure Dewi Sinta kongkonan Raden Lesmana supaya nusul Prabu Rama. Coba, saiki terusna maneh!
Andhang         : Salajengipun, sarehne Dewi Sinta kantun ijen, pramila Prabu Rahwana kanthi
                          Mardhika saged ndhusta Dewi Sinta kabekta dhateng Ngalengka.
PakWi             : Ya bener. Amarga Dewi Sinta kari ijen, mula Prabu Rahwana gampang
                           bangetanggone ndhustha Dewi Sinta, digawa menyang Ngalengka. Coba,
                           terusna maneh!
Andhang         : Nuwun sewu, Pak, dumugi  samanten kula dereng patos cetha   menggah 
                          criyos salajengipun
PakWi             : Teruse mangkene, adhedhasarature manuk Jatayu, PrabuRama ngutus
                          Hanomanngupadi dununge Dewi Sintaing Ngalengka. Sawise kasil ketemu karo Dewi Sinta, Hanoman kapikut prajurit Ngalengka. Hanoman diobong ing alun-alun, nanging ora kobong. Malah genine diawut- awut kanggo ngobong Kraton Ngalengka. Adhedhasar palapurane Hanoman,
Prabu Rama banjur ngerigake wadyabala kethek menyang Ngalengka, saperlu ngluwari Dewi Sinta. Wusanane dadi perang gedhe ing Ngalengka. WadyabalaNgalengka saratune tumpes kabeh. Dewi Sinta ketemu maneh karo Prabu Rama. Coba saiki balenana maneh!
Andhang      : Adhedhasar aturipun peksi Jatayu, Prabu Rama ngutus Hanoman ngupados dunungipun Dewi Sinta ing Ngalengka. Sasampunipun kepanggih Dewi Sinta, Hanoman kadenangan prajurit Ngalengka, lajeng kapikut Hanoman dipunbesmi ing alun-alun, nanging boten kabesmi, malah latunipun dipunawut-awut kangge mbasmi kraton Ngalengka. Adhedhasar palapuranipun Hanoman, Prabu Rama lajeng ngerigaken wadyabala wanara dhateng Ngalengka saperlu ngluwari Dewi Sinta. Wusananipun dados prang ageng. Ing prang brubuh punika wadyabala Ngalengka saratunipun tumpes. Dewi Sinta kepanggih malih kaliyan Prabu Rama. Kados pundi, Pak?
PakWi             : Pancen pinter, kowe!
.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar